Selokromo merupakan salah satu desa yang berada di Kecamatan Leksono, Kabupaten Wonosobo, Provinsi Jawa Tengah. Desa yang berada pada ketinggian sekitar 492 meter di atas permukaan laut dan berjarak antara 9 km dari ibukota Kabupaten Wonosobo ini memiliki Luas wilayah 172, 157 ha. Dan terbagi menjadi dua dusun, yaitu dusun Selokromo I dan dusun Selokromo II, dengan batas-batas wilayahnya sebagai berikut :
- Batas Sebelah Utara : Kelurahan Leksono
- Batas Sebelah Selatan : Desa Lipursari
- Batas Sebelah Barat : Desa Sawangan
- Batas Sebelah Timur : Desa Krasak
Desa Selokromo Luas Wilayah 172.157.Ha
terdiri dari 2 Kadus kadus 1 dan 2 23 RT 9 RW Jumlah Penduduk Laki - laki 1.378 Perempuan 1.558 dengan Jumlah KK Laki - laki 696 KK Perempuan 87
terdiri dari 2 Kadus kadus 1 dan 2 23 RT 9 RW Jumlah Penduduk Laki - laki 1.378 Perempuan 1.558 dengan Jumlah KK Laki - laki 696 KK Perempuan 87
BABAT ASAL USULE JENENG DESA SELOKROMO
Ing sisih kulone kuto Wonosobo Jawa Tengah, kepener ing
tempurane kali loro kang gede – gede, ana sakwijining desa kang diarani Desa
Selokromo
Dek jaman semono kang bubak lan mangreh desa mau ya kuwi
sakwijining Demang kang gagah pidekso godeg wok simbar jaja (
nganti sak iki katelah Mbah Bewok ) . kang banget sinuyudan dening
pawongan kang dadi reh-rehane, amarga kejobo ki demang pancen gede pangaribawane
, dasare Ki Demang kasinungan pambeg berbudi bowo leksono lan asih sesamaning
sepodo , ora duwe watak ban cinde ban ciladan , lan ora wigah wigih asung ganjaran
marang kawulo kang pancen gede labuh labete marang kademangan sarto segoro kang
murakabi tumprap bebrayan . Mulo yo ora mokal menawa Ki Demang Suroyudo dahat
kinasihan dening sang adipati Riyo Manggolo kang mengku
lan murbowasesa Kadipaten Banjarnegara .Prasasat rino pantaraning ratri Ki
Demang Suroyuda tansah cinaket marang sang adipati.
Sang Adipati Riyo Manggolo kagungan putro kakung sawiji
asma Raden
Mandirorejo ,dasar bagus ing
warno trapsila ing solah bowo tur mumpuni ing sastro lan olah kanuragan. Raden
Mandirorejo kang wus ngancik mangso diwoso gung ginolo ulig ginandang ing tembe
lumingsir kalenggahane Rama semangsa sang Adipati lereh keprabon Anuju sayugo
ari, Sang Adipati lenggah siniwoko kahadep rekyono patih lan sagung para Demang
Tansah caket ing ngarsaning Adipati , Ki Demang Suroyudo lenggahe koyo tonjem
ing bantolo wadane. “ Demange Suroyuda. Wis
ana pitung dina kalenggahan kiye Ingsun kepingin banget mbebedhak, sinambi
mirsani para kawulo ing padesan ngiras arep nuduhi utowo njajal kaprigelane
putraningsun si kaki Mandirorejo, keprige panemu riko ? “ Gusti sesembahan kulo
. abdi dalem sanget anayogani kerso paduko, lajeng kepareng penggalih kapan
utawi dusun pundi ingkang bade panjenengan kersaaken ?” Manut ingsun sung cocok
soko kene mengetan ngliwati desa sukonandi,terus mengetan bablas nganti anjog maring desa riko, keprige
demange?” Walah walah abdi dalem inggih matuk sanget awit sampun sawektawis
dangu biyungipun lare lan para kawulo kademangan kepingin karawuhan
panjenenganipun Gusti Adipati. Ngantos antos kados nyidam cempaluk, Kajawi
saking puniko wiwit saking kademangan sigaluh mengetan urut
ereng-erenging redi kemiri ngantos dumugi redi Mbeser tasih katah sato warni- warni
gusti” Lha riko wis
setuju mbesuk dino Soma manis kiye ingsun arep miwiti , budal saka kadipaten
diangkah wayahe srengenge gumatel. Para penderek ora susah akeh – akeh Ingsun Ngersaake kakang patih kepareng nderek
ngiring putraningsun kaki Mandirorejo lan prajurit kira- kira gunggung patang
puluh bae “ Sendiko Gusti ngestoaken dawuh,
gandeng sedoyo sampun terwoco keparengo abdi dalem pun Suroyuda nyuwun pamit
“ Iya iya Demange ora liwat ingsun nyangoni slamet lan aja lali mbesuk Soma
manis riko cawis cawis sakabehane “.
Gancaring carito saktekane Demang Suroyudo ano ing pademangan ,
kabeh dawuh pangandikane Sang adipati enggal kawedarake marang Nyi Demang lan
anake wado sing aran Nyi Sedah Ayu,lan wiwit dino iku ugo kabeh
kawulo ing pademangan pada sengkut makaryo lan tata tata kanggo mahargyo rawuh
sang Adipati . mungguh Nyi Sedah Ayu mono senajan bocah mijil sako ndesa , ananging
kasulistyane ora kalah karo putrine para priyagung . Dasar nedenging diwoso ,
pakulitane kuning nemu giring , rambute ngandan andan , eseme kumowo gawe
poyang payingan para taruna sak Pademangan , malah malah kasulistiyane Nyi
Sedah Ayu wis
kondang tumekaning tanggo desa
Gancaring Carito sang Adipati Riyo manggolo lan raden
mandirorejo dalah sak punggawane anggone tindak mbebedak wis tekan alas sak wetane pademangan Ananging
nganti sak wetoro suwe kiro kiro srengenge sak duwure sirah , durung ono sato
kewan kang keno . malah sang adipati sak punggawane kabegal dening wong loro
kang arep njaluk bebanten , margo wani- wani ngliwati ing alas kono . (
nganti sak iki alas kang kanggo nbegal sang Adipati Riyo manggolo katelah alas
Sibegal ). Rame anggone njejegi
benere dewe – dewe , andekno pancakoro antarane para begal karo raden
mandirorejo , dasar raden mandirorejo putro adipati kang prigel ing olah
kaprajuritan , begal loro biso kikalahake lan poro begal mau mlayu ngulon
parene , playune para begal mau ateges ora kalah nanging arep males ukum marang
raden mandirorejo kanti ngajak kanca – kancane kanggo ngroyok. Sak mundure paro
begal Adipati Riyo manggolo sak punggawane terus ngulon sak perlu nerusake
anggone mbebedak . nanging saibo kagete sang Adipati sak tekane alas kidul
pademangan raden mandirorejo di kroyok ( dikropok ) para begal ( nganti sak iki alas kang kanggo ngropok
raden mandirorejo katelah alas Kropokan ).
Muntab Raden madirorejo prikso para begal ora kapok nanging malah
podo ngroyok, Raden Mandirorejo banjur maca montro joyo kawijayan kang ngentasi
para begal ora nganti sakpenginang sauwena para begal pado nglumpruk ngrungkebi
bantolo.
Sak sirnaning poro
begal
sang adipati ndawuhake marang Rekyono patih supoyo leren sakwetoro ano
pademangan.
Ing dino tempuking gawe sang
Adipati sinubyo-subyo dening para kawuko sak pedemangan , awit yo tembe pisan
ji iki kademangan kono karawuhan priyayi luhur . Sakwernaning pasugatan , yo
sing arupo dedaharan lan unjukan dalah beksan lan klenengan kabeh melu mahargyo
marang rawuhe Sang adipati lenggahe kaapit dening raden mandirorejo lan rekyono
patih, kang kawistoro kalegan ing penggalih , dungkap pasugatan kang pungkasan
bakal kaaturake bekso tledek tayub , dene sing bekso ora liyo Nyi
Sedah Ayu dewe , Kocapo bareng beksan tledek wis kawiwitan , kabeh
kang mriksani pada akedap tesmak , awit
kejobo beksane apik lan luwes banget , isih katambah sing marangganani
kasulistiyane pilih tanding prasasat
widodari ngejoh wantah . Semono ugo raden mandirorejo kang prasasat mata
walangen , nganti ora mireng pandangune ingkang rama lan pengalembanane rekyono
patih tumprap nyi sedah Ayu
Pahargyan purno . Sang Adipati sak
pendereke sigro kundur menyang kadipaten Banjarnegara
, ananging sak margo-margo Raden mandirorejo tansah nimbang – nimbang ing
batos “ Apa yo biso putraning ngaluhur dikeparengake nggarwo putri ing
kademangan “ ( ing samengko dalan kang kanggo nimbang – nimbang batine raden
mandirorejo katelah dukuh Timbang……… sak iki wis ilang dadi tegalan amargo
wong-wong kang manggon ingkono podo pindah mangetan , sebab ana sakwijining
uwong ing dukuh Timbang aran Ki gepeng mati Karubuhan kayu nganti gepeng ).
Raden
mandirorejo ugo tansah Mendel ora kerso ngandikan anggone tindak kundur menyang
kadipaten Banjarnegara , sadela-sadelo tansah
mengo nyawang mangetan ( ing sakmengko dalan kang kanggo nyawang
mangetan saiki dadi Desa Sawangan )
Jejering
wong tuwo Sang Adipati tan samar penggalihe nguningani solah tingkahe ingkang
putro kang lagi kagendam ing asmoro . Mulo watoro telung dino sakwuse rawuh ing
kadipaten , ana carako utusane Sang adipati kang lumarap gito-gito tumuju
marang wismane Ki Demang Suroyudo kanti nggowo nawolo kang banget wigati .
Isine nawolo sang adipati ngresaake mundut Nyi Sedah Ayu bakal kadaupake
kelawan raden mandirorejo , sak piro bombong gumbiraning Ki Demang lan Nyi
Demang ora bisa gambarake awit prasasat kayo karoban segoro madu.
Gancaring carito daupe raden
mandirorejo kelawan Nyi Sedah Ayu kapahargyo gede- gedean , ngeling menowo Nyi
sedah Ayu anak mung siji kang banget dinomo-nomo tur kapundut mantu dening sang
Adipati kang mangreh kadipaten Banjaenegara kang gede panguwasane , Dasar sing
kakung bagus sing putrid ayu ,yen sinawang ponang penganten sekalian pinda
Batoro kamajaya lan batari ratih kang ngejowantah , penganten sakarone datan
keno ginggang sak rambut , tansah runtang runtung kadi mimi lan mintuno.
Sepasar saksuwene daup Raden
mandirorejo tindak sebo marang kadipaten Banjarnegara , ingkang garwo Nyi sedah
ayu ora dikeparengake Derek awit olehe dadi manten durung selapan dino . Sowane
Raden mandirorejo katampi kanti lejaring
penggalih dening sang Adipati, lan sineksenan sagung poro nara praja dalah para
Demang kang pada sowan , Sang Adipati dawuh marang ingkang putro menawa
saksuwene selapan dina saka olehe daup , raden mandirorejo bakal kaparingan
kalenggahan ana laladan sak kulone Kadipaten Banjarnegara ing sisih wetan
kademangan Klampok .
Sakpurnaning
pasewakan raden mandirorejo kondur menyang kademangan , awit kejobo bakal
paring pawarto ban kabungahan kang di ganjarake dening ingkang Romo , nyatane
citrane ingkang garwo tansah kumantil ana padoning netro . Opo maneh mendung
kendel tur gendul banget . sajake ing pegunungan Dieng wis udan deres banget .
Saktekane
pademangan dipapagake dening Ki Demang kang dino iku kapinujon dino iku nyuwun inah ora sebo “ Sugeng ger rawuhipun
“ : inggih pangestunipun bapa mboten
wonten alangan “ “ Panjenengan punopo sampun matur ingkang rama menawi dinten
puniko nyuwun inah ing pasewakan ?” “
Inggih sampun bapa .Kanjeng Rama ugi sampun priksa bilih bapa taksih sayah kaliyan
ribet ,…….lho kok sepen kemawon diajeng sedah ayu wonten pundi ? “ walah enggih
meh mawon kesupen kang rayi nembe kemawon pangkat dateng lepen bade adus ngiras
girah – girah” “ we Lho mangko sajak arep jawah katingal mendungipun kandel
sanget , punopo bapa mboten nyandet kekajenganupun Ayu ? “ “ Lha Ayu wiwit alit
pancen sampun kulino kaliyan kawontenan ingkang kados makaten “ Nanging manah
kulo mboten sekeco bapa , milo keparengo bade nyusul dateng lepen “ tanpo
nunggu wangsulan saka Ki demang Raden mandirorejo mak brabat lumayu tumuju
menyang kali kang adohe sak wetoro saka omahe ki Demang .
Saktekane
ing kali Raden mandirorejo nguningani Nyi Sedah Ayu lagi adus telesan apijung
nyamping kumkum ing kali , Parandene Nyi Sedah ayu ora miris ora barang sajake
pancen wis kulino marang kahanan kang koyo mangkono enggal bae mbengok sak
kayange nimbali ingkang garwo “
Ayu…….Ayu dene riko adus ning kono siro
bocah ayu mulo ojo adus ning kono .
Kocapo
wong – wong kang lagi makaryo ing sawah sak cedake kono bareng krungu pambengoke
Raden mandirorejo , banjur pada netepake yen kali mau jenenge kali siro
ayu utowo kali serayu
Bareng
krungu pambengoke Raden mandirorejo , Nyi sedah ayu banjur mentas kanti ngindit
kumbahane “ Kulo kinten kang mas mboten kundur bade nyare wonten kadipaten sak
upami kulo ngertos menawi kang mas bade kundur kulo mboten badhe girahi wonten
lepen “ “ Ayu kiye delengen kaline banjire
ora mekakat nganti watu – watu sing gedhine sak endas kebo podo kendang “ “ Inggih kang mas Lha puniko selo
– selo saking lepen ler sami
tarung kaliyan selo selo saking lepen kidul “ Kae dudu tarung Ayu “ watu – watu mau kae pado meh karo awake dewek
“ “ Lho Punopo selanipun inggih kepingin
dados penganten ?”
“
Iya Ayu , Kae selane pada kromo “
Iya soko tembung antarane Nyi
Sedah Ayu karo Raden mandirorejo nganti seprene pademangan mau kaaran Desa
Selokromo .sak banjure Nyi Sedah Ayu Katelah Nyai Sedayu
sing saiki kalebu tlatah RW 04.
Cuntel.
INI VERSI YANG KAMI DAPAT , KAMI SIAP MENERIMA VERSI LAIN UNTUK SELOKROMO TERCINTA
YMT SEKDES Sarwono
Versi nami Selokromo kathah, midherek sumber saha jamanipun. Penulis piyambak gadhah tigang versi:
BalasHapus1. Versi Jaman sasampunipun runtuhing Majapahit, dinasti Bondhankejawan peparab Sogam putranipun Ki Ageng Getaspendawa sasampunipun dewasa asma KiAgeng Sela. Kapundhut mantu Ki Ageng Wonosobo saha Ki Ageng Kalierang. Panggenan palakramanipun Ki Ageng Sela sinebat Selokromon, linandhesan patilasan ing pasarean ageng Selokromo ingkang arupi sela gilang.
2. Sasampunipun krama Ki Ageng Sela bidhal dhumateng kutharaja .Demak, Puput yuswa wonten mrika kasareaken wonten Kadilangu. KiAgeng Sela peputra KiAgeng Anis, KiA geng Anis peputra KiAgeng Pemanahan, K[Ageng Pemanahan peputra Panembahan Senopati minangka cikal bakalipun Kerajaan Mataram Islam. Pramila rikala penulis taksih lare (1933-1951) asring mrangguli priyabtun Ngayogyakarta saha Surakarta mertinjo petilasanipun KiAgeng Sela ing Selokromo
3. Midherek pangandikanipun pinisepuh Selokromo, ngandharaken bilih panguwaos ingkang mandhegani wontenipun Selokromo Pangeran Hangabei, putra PB III ingkang lolos saking Karaton Surakarta sesarengan kaliyan Ngabdul Salam wayah KiAgeng Selomanik napak tilas leluhuriipun cumondhok ing Selokromo. Nuwun
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusNGLARI ADEGING DESA SELOKROMO
BalasHapushttp://daryosutoyo.blogspot.com/2014/07/nglari-adeging-desa-selokromo_30.html
NGLARI ADEGING DESA SELOKROMO
BalasHapus